Pelajaran Sahadat (Dari Bapak Mulhari Alm Cikarang)

1. Sahadat Syareat
Ashadu anlaa ilaaha illallaah wa ashadu ana Muhammadarrosulullah
Ingsun angaweruhi satuhune ora ana pangeran kang wajib disembah
anging Allah, lan ingsun angaweruhi Nabi Muhammad iku utusane Allah.


2. Sahadat Tarekat
Ashadu anlaa illaaha ilallaah
Tunggalna ingsun lan pangeran ingsun.
Anane wujud ingsun iki angaweruhi ingsun
ing satingkah polahe wujud ingsun.
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Anane sifat wujud ingsun iki angaweruhi ingsun,
satuhune Muhammad iku uripe wujud ingsun iki


3. Sahadat Hakekat
Ashadu alaa illaaha ilallaah :
Sategese tunggal eneng ingsun lan Pangeran ingsun.
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Tunggal usik ingsun kang dadi utusan pangeran ingsun


4. Sahadat Ma’rifat
Ashadu alaa ilaaha illallaah :
Tunggal eneng ingsun lan tunggal Dzat ingsun
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Tunggal usik ingsun lan tunggal sifat ingsun.
Laesa kamislihi syaeun fil ardi wa lafissamawati


5. Sahadat Ngesat Jisim Badag
Bismillaah…
Tis sirna ning raga sukma.
Sukma kang urip malih,
mulya maring Dzatullah lan sukma ning urip
dzat kang sejatine sifat,
kang asup puji lan Asmane
kang sampurnaken ing Dzatullah.


6. Sahadat Ngesat Jisim Latif
Bismillaah …
Bismi kudrat tatali rambut sukma titi mulyaning kaputian
Ya ingsun badan robbuka, manjing bumi amengakaken lawang sawarga
Metu ingsun, manjing Ya Hu Allah, tanpa wiwitan alam sayang tiyas
Plas Dzat lunga, kurungan aja ana kang kari-kari


7. Sahadat Puter
Bismillah…
Ashadu sahadat puter,
puter sahadat,
usik bumi wali nunggal,
Usik jagat wali nunggal.
Gunung susu nang Cirebon,
menimpang jabang bayi,
berkah salamet umat nabi Muhammad saw.


8. Sahadat Sejati
Ashadu sahadat sejati.
Syahadat satemening Allah.
Syahadat satemening rasa.
Nunggang kuda jalan nafas.
Buntel putih kudratullah.
Kenang lara ora kenang pati
Sampun melebu sajeroning kalbu.
Sujud ka rosulullah,
kasaksenan dening Allah
Laa illaaha ilaallaah Muhammadarosulullah
Astagfirullah al adzim,
Alhamdulillahirobbil alamin


9. Sahadat Rasa
Ashadu tiba ning rasa,
anlaa anu ngajadi rasa,
illaaha patepung rasa,
ilallaah sejatining rasa.
Rasa Eyang rasa abdi.
Rasa hirup rasaning hurip.
Rasa Allah, rasaning Muhammad ya Rosulullah.
Amin Ya Robbal alamin.
Mugi eyang kersa ngangken ka abdi,
sarta ngahapunten abdi sadaya…
Dibaca setelah membaca Al Fatihah bagi para leluhur :


10. Sahadat Kalanggengan
Bismillaah...
Ashadu anlaa illaaha ilallaah,
ashadu kahanan ingsun,
anlaa rupaningsun,
ilallaah Pangeran ingsun,
kang nuduhaken marga lan kadang,
urip ora kena ing pati,
mulia ora kecampuran,
langgeng teu kena ku owah,
eling teu ku poho,
Dzat eling ananing Dzatullah.
Hu les tan ana kerasa,
dus nur ingsun angadusi nur jasmani ingkang suci,
roh ingsun Nur Muhammad,
Ya kiaji suliwa, pancerning jisim telenging iman,
nur sang lenggang herang,
purwa cipta ganda rasa…


11. Sahadat Tauhid
Bismillaah…
Niat ingsun micikaken jisim suci badan Muhammad.
Laa illaaha ilallaah Muhammadarrosulullah
Waliyat araning banyu,
kuliyar sucining banyu,
Dagal dagel suci jeroning kalbu,
anyilake sir ning putih araning angin,
Tes ning putih araning banyu,
Cahya wening namaning banyu
Geni cahya bul putih namaning bumi,
lir inten dumanten, ambune lir kasturi
Sang mulia rasa namaning syahadat.
Syahadat tanpa ashadu ananing tunggal.
Laa illaaha amanahu,
Ya urip tan kena lara, kena pati.
Pati kenang rusak.
Dzat mulyaning rasa.
Dzat les Dzat lap enak ora kerasa
Ya Hu, Ya Hu kang lunga pada rupane, masuk makom Rosulullah.
Ashadu kang tumima, jisim kang suci, rasa kang mulia, urip kang sampurna.


12. Sahadat Tauhid Rasa
Bismillaah..
Allah suwung suci ilang mulia.
Rasa sampurnaning urip
Ingsun sejatinig ana, Ya Allah, Ya Muhammad
Hu haq, lebur badan dadi nyawa,
lebur nyawa dadi sukma,
Lebur sukma dadi rasa,
lebur rasa dadi sirna,
sampurna manusa.
Ya Allah, Ya Muhammad,
ya manusa,
Ya Allah, Hu Haq amana
Ya Hu Allah Pangeran ingsun kang Maha Luhur
Allah Pangeran ingsun kang Maha Agung,
Allah Pangeran ingsun kang Maha Suci,
Allah Pangeran ingsun kang Maha Mulia,
Ashadu anlaa illaaha ilallaah wa ashadu ana Muhammadarrosulullah
Insun angaweruhi satuhune ora ana Pangeran kang wajib asinembah,
kang esa, kang tunggal, kang adadekaken alam iki kabeh.


13. Sahadat Bumi
Pagi-pagi bangun tidur baca :
Bismillah …
Ashadu teguh anla illaaha luput ilallaah tan katingalan,

Sebelum kaki menginjak bumi.. baca syahadat bumi…!!!
Bismillaah…
Ashadu syahadat bumi,
melebu kayuku (hayu-ku) bumi
Melebet ning telapakan,
medal tanpa wewayangan
Bumi istri trima ku suci,
bumi ayu kudratullah,
bumi miang bumi santana
Laa illaaha ilallaah Muhammadarrosulullah SAW.
Allohuma antapan..
ya bumi tanpa polah,
ya siti kang asung bakti
Ya jagat kang asung berkat.
Sukma mulia Roh Idhopi,
ratuning nyawa sakabeh.
Ya Allah kang pertela kuasa..
Ghofurullaahu lahum, birahmatika ya arhamar rohimin…


14. Sahadat Pembuka Alam
Dibaca pagi hari setelah membaca syahadat bumi sambil membuka jendela kamar tidur kita baca :
Bismillaahi …
Ashadu syahadat pembuka alam.
Alam anu ngahirupan umat sadaya.
Abdi sujud ka nu Agung, Gusti Allah Ta’ala.
Ratu Tunggal Rat Sajati.
Kenging milik anu mulia kang jumeneng Rosulullah.
Laa Illaaha ilallaah Muhammad ya Rosulullaah SAW.
Allohuma Ya Goniyu, Ya Hamidu, Ya Muidu, Ya Mubdi’u, Ya Gofuru, Ya Wadud.
Agmini bi holalika, anharomika, wa bi fadlika wa bi masiatika, amansiwak, birohmatika Ya Arhamar Rohimin..

Bismillaahi… (kalimah sarining gampang)
Allohuma Sang Sukma Mulia,
adi luwih sifat langgeng,
mungkul jati sarining gampang.
Gampang tekad abdi,
gampang lampah abdi,
gampang polah abdi,
gampang milik-rejeki abdi.
Laa illaaha ilallah.
Kudrat pasti ya Rosulullah…


15. Untuk Melihat Jati Diri
1. Bismillahirohmanirohim
Del rasa as nyawa putih.
Sira metu saking jasad.
Ingsun arep weruh lonjoring pangeran.
Engko iki den enggalaken sarta parek,
ingsun tumindak gumantung tanpa telapakan,
gumancang tanpa wewayangan.
Ya Ingsun Sejatining Hurip,
Ya Allah...Ya Muhammad.

- Dzikir Qolbu : Allah hu...Allah hu Allah, selama 30 menit.
 
2. Bismillahirohmanirohim
Kun Dzat Kun… Aja sira ngaling-ngalingi sukma ingkang tapa ono sajeroning wayangan ingsun. Sira sumingkira, ingsun arep weruh sejatining urip.

- Dzikir Qolbu : Allah hu...Allah hu Allah, selama 30 menit.

Caranya :

- Boleh pilih no 1 atau no 2 dibaca dalam hati 41 kali, 111 kali selama 41 malam
- Puasa 3 hari bukanya pisang raja dan air putih.


16. Untuk Bertemu Sadulur Papat
Bismillahirohmanirohim...
Sukma langgeng luwita,  sukma adi luwita, sukma ngumbara, sukma wisesa…
Malaikat Jabrail,  malaikat Mikail, malaikat Isrofil, malaikat Izroil, malaikat Badaniah,  malaikat Rohaniah, malaikat dinding Jalalullah..Sarinik acining banyu
- Dzikir Qolbu : Allah hu...Allah hu Allah, selama 30 menit.

Caranya :
Dibaca dalam hati 41 kali, 111 kali selama 41 malam.

Wirid Sasahidan

Dengan memohon ampunan padaNYA dan memohon ridhoNYA semata maka kami buka kepada sedulurku semua yang ingin mengamalkan yaitu wirid sasahidan, wirid merasakan “manunggaling kawulo lan gusti”.

Ini jenis amalan Sir / Wirid yang diucapkan dalam hati. Setelah bersaksi dalam batin yang ucapannya di bawah ini maka lanjutkan dengan langkah selanjutnya yaitu ZIKIR RAHSA, yaitu untuk merasakan MATI DALAM HIDUP (MATI SAJRONING URIP) dan HIDUP DALAM MATI (URIP SAJRONING LAMPUS). Sehingga tercapai kesatuan hati, pikiran dan rasa hidup untuk menghubungkan antara kehendak kita dengan KUN FAYAKUN-NYA.

SAKSI BATIN
Baca sebagai berikut :
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM...
INGSUN ANEKSENI ING DATINGSUN DHEWE
SATUHUNE ORA ANA PANGERAN AMUNG INGSUN
LAN NAKSENI SATUHUNE MUHAMMAD IKU UTUSANINGSUN
IYA SEJATINE KAN ARAN ALLAH IKU BADANINGSUN
RASUL IKU RAHSANINGSUN
MUHAMMAD IKU CAHYANINGSUN
IYA INGSUN KANG URIP TAN KENA ING PATI
IYA INGSUN KANG ELING TAN KENA LALI
IYA INGSUN KANG LANGGENG ORA KENA OWAH GINGSIR ING KAHANAN JATI
IYA INGSUN KANG WASKITHA ORA KASMARAN ING SAWIJI WIJI
IYA INGSUN KANG AMURBA AMISESA, KANG KAWASA WICAKSANA ORA KUKURANGAN ING PANGERTI, BYAR…
SAMPURNA PADHANG TERAWANGAN
ORA KRASA APA-APA
ORA ANA KATON APA-APA
MUNG INGSUN KANG NGLIMPUTI ING ALAM KABEH
KALAWAN KODRATINGSUN

- Lanjutkan dengan langkah berikut ini satukan panca indera,
- katupkan kedua bibir, mata terpejam arahkan ke ujung hidung.
- Satukan denyut jantung dan atur nafas. 
- Masuk dan keluarkan nafas dengan pelan jangan sampai tergesa-gesa.
- Rasakan masuknya nafas sambil ucapkan di batin HUUU...hentikan nafas dan tahan sejenak.
- Biarkan nafas keluar dan rasakan alirannya sambil batin berucap YAAA...
- lakukan sebelum matahari terbit 15-30 menit setiap hari.

HUU dan YAA adl isbat al yaqin, yaitu kepastian bahwa Allah SWT itu SATU dan MANUNGGAL dalam KE-MAHA ESAAN-NYA.

Iki Ilmu Karatoning Wali Pitu

Iki Ilmu Karatoning Wali Pitu, waris saka panjenengane para wali kang pada sumare ing tanah Jawa kabeh.

Kang dingin, waris saka Ingkang Sinuhun Ngampeldenta
Waris saka Kanjeng Susuhunan Benang
Waris saka Kanjeng Susuhunan Prawata
Waris saka Kanjeng Susuhunan Lepenjaga
Waris saka Kanjeng Susuhunan Adi
Waris saka Kanjeng Susuhunan Kudus
Waris saka Kanjeng Susuhunan Bagadas

Ilmu kadadekake siji, mung kajumput kang luwih prelu bae, kabeh padha nganggo kawitan. Bismillahirrachmanirrakhimi. Ing ngisor iki ilmu-ilmune.

IKI PANUWUN TETEPING IMAN
“Jati pralina urip ing rahina, tunggangane sang buwana, syati saelah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen sadina sawengi, ila masaalah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen salawase”

KAWRUH MARANG PANUWUN
“Bumi camretan kasiya ginantang ing jalantara, sirnaning raga ilang nurja ilang, ilang karsaning Allah”

IKI MARANG KAWRUHE NGAURIP
“Wajib badan pasrahena ing leburen, rehina dadekna ati wajib, kalbine ing leburen atinira, dadekna roh wajib, bulpasraha nuli lembut, rahina wengi sirnaning badan, rokhani sifat leburen, atinira dadekna wahyu, den kasebut pangan tulis”

UGA KAWRUHING NGAURIP
“Papan lebur tulis ilang, apa kang jumeneng dzat utlak, chak ing piyambake”

KAWRUH MARANG PAMUJI
“Asasahu la ilaha karnuhu. Muhammadan Rasulullah sallallahu alaihi wasalam”

UGA MARANG PAMUJI
Allahu masaallah, ya Allah. Ya alam, ya kun la khaula wa la kuwwata ila billahil alayyil adiim”

IKI MARANG KAWRUH
Sechuallah ing ngarepku, walinullah ing buriku, aminullah ing tengenku, senurullah ing kiwaku”

IKI PEPUJIAN
“Siksa Allah, amit aku lan anakku lan rakyatku kabeh, aturu sadina sawengi, insya Allah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen sadina sawengi, iya masaalah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen salawase”

IKI KALIMAH LORO
“Caya caya mur caya, cahyaning Nabi Adam, mulane ana lanang wadon teka, Babu Kawa sakatahing caya preg mendeng ing cahyaku, la ilaha ilallahu, urip ing dewekira

IKI LANGIT LAPIS PITU
Gedonging suksma, pasebaning enur suksma mulya

IKI KHAKULLAH
Kala masa Allahu, ora ana nefsune, karo Allahu ora ana nabine, karo rabbahu ora ana rohe la ilaha ilalallahu ora ana pangerane

IKI PIKUKUHING SARIRA
“Kulhu balik ambekta Jabarail luputena pancabaya kulhu balik kulhu balik”

PURBA KARO WASESA
“Ashadu ing ananingsun, kebanuk ing araningsun”

TETULAK MARANG PIALA UTAWA MARANG WISA
“Tulak daya balik, luput kang dinaya kena kang andaya, jahil jahilullah sapa jahil dadi satruning Allah, tutup kunci mata kalbu, Ia ilaha ilallah, Muhammadar Rasulullah” (Pasa mutih 7 ndina 7 wengi, diwaca kaping 100)

IKI PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe sang prabu sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe sang prabu, sang prabu yen ningali yen angrasakaken maring rohku, teka welas teka asih maring aku, la ilaha ilallah, muhammadar rasulullah saw”

IKI PANGADEPAN KARO PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe wong sajagad pada sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe wong sajagad, wong sajagad yen ningali yen angrasakaken maring aku, pada idep tetep wedi welas asih marang aku, preg mandeg ing ngarepku la ilaha ilallahu urip ing dewekira”

IKI PANGADEPAN KARO PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe wong sabrang sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe wong sabrang, wong sabrang yen ningali yen angrasakaken maring aku, pada idep ngarepku aku, la ilaha ilallahu urip ing dewekira”

IKI PANGADEPAN MARANG KAWULA LAN KUTU KUTU WALANG TAGA
“Sechullah ing ngarepku, walinullah ing buriku, aminullah ing tengenku, senurullah ing kiwaku, ana kabeh wedi menyang aku”

PANGADEPAN SAWARNANING LELEMBUT
“Allahumma bahung kulon, malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung wetan malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung kidul malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung lor malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung ngisor malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung ndhuwur malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, la ilaha ilallah muhammadar rasulullah. (menawa ngapalake ora kena cedhak bocah cilik)

IKI PANGADEPAN KARO KAROSAN
“Gelap sayuta pangucapku, buta salekta ing swaraku alad alad ilad ilad ing jenengku, gunung rubuh segara asat, nyep aku jati wisesa purba mulya langgeng”

IKI PANGAGEMAN
Allah, Pangeran, iya Ingsun

IKI MARANG KAWRUNG PANGAGEMAN
“Badaningsun sir, nyawaningsun cipta, napasingsun rasa, iya ingsun kang jumeneng hidayatullah jengengingsun asmaning dzat, sifatingsun amarullah, nur rahmatullah, iya Ingsun azal kodratullah, kang suci tetep ing bumi suci, manik maya putih, manik maya suci, manik maya langgeng, Allah uripingsun, Ahmad nyaningsun, Rasulullah rasaningsun, iya badan iya nyawa, Iya Allah, Iya Ahmad Iya Rasulullahu alaihi wassalam”

ASMA DZAT KODRAT AF’AL
“Bismillahirrahmanirrahimi, hu iya Ingsun Sajatining Urip”

SALAT DAIM
Ana rasa sajroning obah, ana obah sajroning polah, Ingsun Polahe Allah”

SALAT MUTLAK
Ya ingsun Ila ning, Ingsun ning ing Allah

SALAT KUSTA
Sang ireng meneng osik pangrasane Sang eneng, meneng sajatining angrasa, Ingsun sajatining angrasa”

SALAT ISMU ALAM
“Metu murub Rasulullah, urub-uruh Dzatullah Allah mosik sajroning ati, Allah mobah sajroning ngrasa ya rasa ya Rasul, ya Rasul, ya Rasul

SALAT BATIN
“Adegku manusa kurda, rukukku jati sampurna, sujudku wujuding suksma, lungguhku barenging nyawa gleger jager wangsul nugraha”

SALAT WUJUD NING
“Ana ning sajroning eneng, ana ning sajroning langgeng, Ingsun dzating langgeng”
 

Medar Ilmu Batin • All Rights Reserved